Tut Wuri Handayani

tut-wuri-handayani-budaya-jawa-mastokkenari
... putuku ajar kendel

Tut wuri Handayani

seratane : mastok_28 Des 2010

Ing : Budaya Jawa

 

 

Jejering asepuh kang kudu tansah nduweni rasa tanggung jawab ing panggulawentahing  putra (pendidikan anak) mono mesthine wis dimangerteni. Mung wae bab kepriye cak-cakane, kala-kala isih mujudake perkara kang mbingung ake. Kanggo nyithak sawijining kapribaden kang tangguh-tanggon supaya bisa tinemu ing putra kang digulawentah, pancen mbutuhake jembaring  wawasan lan wasis ing budi. Ora mung cukup “ngglundhung sa tekane, gumandhul sa tibane”, ateges mung apa anane.

 

Panuntun saka para winasis Jawa jaman kuna, kang awujud ukara “Tut wuri handayani”, pranyata bisa mujudake sawijining ngelmu kang becik banget yen ta di-onceki banjur katrepake ing sajerone panggulawentah kapribadene para putra.

 

Minangka gamblanging surasa kang dikandhut, ukara iki bisa dipisah dadi rong perangan, yaiku “tut wuri”, lan “handayani”.

 

>> Peranganing ukara sing sepisan yaiku “tut wuri” mengku surasa yen ta tumrap kang sepuh kang nduweni kuwajiban anggulawentah kudu bisa mapan ing sa-“mburi”-ne kang digulawentah. Bab iki dudu tumindak kang gampang den lakoni, gandheng sikep mapan ing mburi mono mbutuhake sawenehing patrap, kaya ta ; wani disingkur utawa di-ungkurake.

 

Jer ing jaman saiki, angel banget bisa nemokake patrap kang kaya mengkene, gandheng saben wong pada kepingin bisa dadi pengarep, pemimpin, pinunjul ing lingkungane. Ora ana sing gelem diasorake, kabeh pada kepingin oleh kawigaten kang luwih tinimbang liyane; kawigaten bab pinter lan wasise, kawigaten bab bandha lan sugihe, kawigaten bab pangkat lan panguwasane, kepara malah kawigaten marang kacingkrangane uripe, lan liya liyane.

 

Yen sethithik wae rumangsa ora digatekake, banjur gawe ontran-ontran kang maneka warna, malah kala-kala tanpa migatekake kepentingane lan butuhe liyan. Pokal gawe kang bisa mitunani lan nyilakani liyan.

 

Patrap “tut wuri” kudu wani ngorbanake bab-bab ing nduwur kabeh mau, ngorbanake minangka tujuane panggulawentah bisa digayuh. Apa maneh pranyata isih akeh para panggulawentah sing rumangsa kudu tansah dituruti apa kang dikersakake, lali marang tujuan kang utama, yaiku kabutuhane kang digulawentah.  

 

Tutwuri uga kudu wani ngetutake senajan kudu mlebu ing kahanan kang ora nyenengake, ing kene diajab supaya bisa dadi

- rowang kang bisa diejak rembugan,

rowang kang bisa asung wawasan supaya bisa luwar saka kahanan kang ora kepenak, lan uga minangka

rowang kang tansah siyaga mbela ing sajrone ngadhepi bebaya. 

 

>> Peranganing tembung kang kapindho yaiku “handayani” dumadi saka tembung “daya” utawa kekuwatan, dene peranganing tembung “(h)an” nuduhake tumindak asung utawa menehi. Dadi tembung handayani tegese menehi/asung kekuwatan.

 

Handayani mono ngemu surasa gelem kelangan, ngorbanake sawenehing darbeke supaya bisa didarbeki dening liyan yaiku kang digulawentah. Cetha yen weweneh iku mbutuhake rasa lila lan legawa tumrap kabecikane kang diwenehi. Sebab akeh tumindak weweneh kang tundhone mung kanggo kebutuhane dhewe, pengin entuk pangalembana, pengin diarani wong-becik, pengin kuncara asmane, pengin entuk pakurmatan, lan sapanunggalane.

 

Kejaba saka iku, ing sajeroning tembung “handayani” mau mengku surasa dumadine sesambungan kang rapet banget antarane kang weweneh lan kang diwenehi. Sesambungan kang ora mung awujud sesambungan wadhag/jasmani, nanging luwih saka iku, yaiku sesambungan jati, sawijine sesambunganing rasa kang ora bakal owah gingsir amarga mobah-mosiking kahanan, papan lan wektu.

Kamangka ing jaman saiki, wong mbangun sesambungan mono racake mengku karep kang sabisa bisa nuwuhake bebathen tumrap awake lan kepentingane dhewe. Kamangka ing tembung “handayani” mau babar-blas ora kaya mangkono karepe, menehi “daya” murih kang diwenehi bisoa luwih kuwagang lan rosa ing uripe.

 

Pepuntoning rembug, “tutwuri handayani” iku sawijining patrap/sikep panggulawentah para sepuh marang putra, kanthi adhedhasar bisa mbangun sesambungan rasa antarane sepuh lan putra, uga wani korban asung samubarang, minangka kabecikane putra kang nembe digulawentah, murih bisa kuwat lan wasis ngadhepi samubarang kuwajibane wong urip.

 

Kanthi mengkono, generasi candhake bisa mujudake sawijining generasi kang tangguh tanggon, ora aleman, ora gembeng/nangisan, lan uga ora gabesan.

 


 

 

Creative Commons LicenseDibawah Lisensi CCA 3.0 Unported License

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

<< Sadurunge - Kaca - Candhake >> 

 

HTML Comment Box is loading comments...