mastok kenari computer
solusi problem computer windows & SEO
right or wrong is my country

mastokkenari_budya Jawa
Pangarep Arep Wayah Surup
Geguritane : mastok_ 17 Des 2010
surasaning kang rinasa
ing sajerone batin, mijil prihatin
budaya luhur kang siningkur
temah werdining susastra kang binanda
anak putu mbrewu sinawang wagu
gelaring tata raga onjo
sineblak prahara bodho
tega mbirat marganing aluhur
pungkasan sekarat ajur mblubur
surasaning kang rinasa
ing sajerone Ngadhep, ndudut pangarep
panggladhi mulya sang sudibya
apa bisa den upakara
apa bisa kinarya sembada
apa bisa menggak manglung ing cempuri
tumuli mbaureksa wit-witan adi
nyawiji ngebuni budi pakerti
mendah saupama
kang pinandhita mesubrata
kang tinulad mulat sarira
para raja wasis mbengkas karya
biyung bapa tansah sumadiya
pepuntone
putu buyut dadi Jawa
Pangudarasa
mastok_ /18 Des 2010
Budaya Jawa iku jembar banget cakepane,
genah mokal aku bisa mbabar kandhutane, apa maneh nyesep isine.
Bisa rerembugan kanthi Basa Jawa kang mapan,
tumrapku wus rumangsa kanugrahan
Panemuku, Basa Jawa kuwi
rabuk pangrembakaning wiji kautaman,
watu wungkal panglandheping rasa,
lan godhong rempelas panglusing unggah-ungguh.
Dadi, bebrayan gedhe lan cilik bakal rinasa asri,
yen ta Basa Jawa tansah dipepetri.
mastokkenari_budaya Jawa







Report this site as abusive Login