Mangan Ora Mangan, Anggere Kumpul

Mangan ora mangan, anggere kumpul 

Dening: mastokkenari

Ing : Budaya Jawa



 

Ukara ing ndhuwur iku, ing kasusastran Jawa disebut /klebu "Unen-unen", asring ditegesi kang kurang pener. Racake malah banjur digawe sanepan utawa guyonan kang ngemu teges sajak ngremehake marang wong Jawa, dianggep yen wong (suku) Jawa mono nduweni sifat kang males nyambut gawe, wedi kangelan, mung seneng lan mburu urip kepenak, kepara  wedi rekasa.


Saupama bener kaya kang sinebut ing nduwur, mestine sejarah ora bakal nyathet anane kerajaan kerajaan dalah para ratu kang misuwur kondhang kaonang-onang. Kayata keraton Mojopahit, Mataram, Kahuripan, lan sak panunggalane. Sebab keraton utawa para Ratu kang misuwur mau, kang negarane gemah ripah loh jinawi, tata, titi, tentrem, kerta raharja, jembar rangkahe, tuwuh kang sarwa tinandur (iki ora nembe ndhalang...lho..), iku minangka sawijining bukti anane sipat kang pranyata mujudake kosok-balen karo sipat-sipat kang kasebut ing ndhuwur mau, kang mujudake sipat-sipat kang kurang becik.


Ora bener. Uwong Jawa ora duweni sipat males, wedi kangelan, apa maneh mung mburu-seneng. Panemu kang kaya mengkono iku satemene mung kegawa utawa nuduhake saka kurange seserepan bab budaya Kejawen (Jawa) kang satuhu adi luhung drajate. mButuhake lereping jiwa lan meneping batin yen ta pengin bisa ngonceki lan wanuh marang budaya Jawa.


Mangan ora mangan, anggere kumpul “, surasane ukara iki ora  mung kandheg ing tembung mbaka tembung, banjur  di surasani nganggo paugeraning bahusastra. Sebab satemene, bahusastra mono mung mujudake “kulit-ari”-ning sawijining budaya, kang isih adoh marang isi lan surasane. Ateges isih “reged” lan ora enak di-pangan.


Ukara “mangan ora mangan, anggere kumpul” , ing perangan kang sepisan (perangan ngarep) dumadi saka tembung “mangan” lan “ora-mangan”. Mesthine ya wis pada mangerteni apa tegese “mangan”. Ingkene tembung “mangan” minangka gegambarane kahanan kang “wareg, kacukupan, tentrem, mulya, sehat, seneng, lan sapanunggalane". Sak banjure, tembung “ora-mangan”, cetha mujudake kosok-balen karo kabeh kahanan kang kasebut ing ngarep. Keluwen, kecingkrangan, kemrungsung, kesrakat, lara, susah, lan sapiturute. Cetha yen kabeh iki mau mujudake kahanan kang kurang nyenengake.


Kahanan kang nyenengake utawa kahanan kang ora-nyenengake, iki minangka gegambarane utawa “jagad-cilik“-e panguripan, kang mesthi bakal den-alami lan dirasakake dening  kabeh wong.  Cethane tumrap uwong Jawa, bab iku uwis dimangerteni lan ditampa kanti ikhlas, lan nglenggana yen ta urip mono mesthi bakal diiseni bungah-susah, sehat-lara, mulya-kesrakat lan liya-liyane. Gandheng manungsa mono nggendhong sipat-ringkih, mula kala-kala kahanan-kahanan mau bisa nggiwarake “keblat”-ing sipat kabecikan lan nurani.


Dadi, perangan ukara “mangan ora mangan”, iku ngemu piwulang  yen ta  manungsa mono kudu  tansah siyaga ngadhepi sarupaning kahanan mau. Aja nganti kahanan mau njalari menceng marang kiblat-ing kabecikan lan kautaman.


Sabanjure; perangan ukara “anggere kumpul”. Tembung “angger-e” nduweni surasa “kudu, mesti, utama, tetep); dene tembung sabanjure yaiku “kumpul”  nduweni surasa “manunggal, golong, nyawiji”, iki ngemu teges manunggaling rasa, golong-gilig-ing ati lan pikir, dalah nyawijining karsa lan tumindak.


Kanthi katrangan kaya kang kasebut  ing ndhuwur mau, paribasan “ mangan ora mangan, anggere kumpul ”  iku banjur bisa diwenehi teges mangkene :


Wong urip ing sajeroning bebrayan (masyarakat,utawa kulawarga) iku kudu ngugemi paugeran utawa nduweni  sipat  setya, kena dipercaya, ora gampang ngglewang pikire, banjur ninggal marang ancas lan tujuan kang wis disarujuki bebarengan.

 

Bab iki pancen dudu perkara kang gampang ditindakake, sebab wong siji lan sijine kudu bisa meper ananing panggoda kang bakal gingsirake pikir. Kaya ta, rikala nembe kacingkrangan, ora banjur tumindak culika supaya bisa ucul/luwar saka kacingkrangane. Dene yen nembe kacukupan, ya ora banjur asipat adigang-adigung-adiguna, rumangsa onjo lan pinunjul, banjur tundhone tumindak sawiyah-wiyah marang sapepadhane.

 

Kabeh iku mau kudu ditindakake minangka wujuding pambudidaya supaya ancas lan tujuan kang digegadhang bisa maujud lan kaleksanan.


Cekak-aose, paribasan mau momot piwulang,


senadyan abot , kudu tansah mbudidaya murih bisa mujudake gegadhangan.


Meskipun berat, harus selalu berusaha demi tercapainya cita-cita – Bhs. Indonesia,


Keep trying, even so hard -  bhs. Inggris .

 


 

Creative Commons LicenseDibawah Lisensi  CCA 3.0 Unported License

mBok bilih karenan, kersoa paring Pangandikan, Nuwun.
HTML Comment Box is loading comments...
mangan-ora-mangan-anggere-kumpul-mastokkenari