Nyuwiji

Oleh Iman Budhi Santosa - Suara Merdeka –Pringgitan-14 Nop 2010   

Alih basa Jawi dening : mastok_ 17 Des 2010

Ing : Budaya Jawa

 

 

 

Nyuwiji, utawa lumrah kinucap nyawiji, tumrap wong Jawa mujudake tetembungan kang nggambarake kaya ngapa rapeting sesambungan kadi rong prakara, utawa sawenehing perangan sajroning kasunyataning urip. Salah sijining wewujudan ajining panyuwijen kang asring kanggo conto ing tanah Jawa yaiku bebojoan. Manunggaling priya lan wanita sajroning bebrayan bareng, kang mangka ing wektu sadurunge babar pisan mujudake wong liya, dudu sanak dudu kadang, lan uga dudu sedulur. Ananging sajerone nyuwiji, gegayutane sakloron (lahir lan batin) wis kaya dene lebur ajur-ajer tanpa nganggo wewates. Duwekmu duwekku, laramu ya laraku, bungahku ya bungahmu. Yen sing siji nesu, liyani ngalah. Sing siji manjat liyane nyurung. Yen sing siji ndarbeni kekurangan, liyani  banjur njangkepi. Kekarone bebasan kaya godhong suruh, sing lumah kurebe beda, nanging yen gineget padha rasane.

 

Nyuwiji ora mung mijil sajrone bebrayan, ananging uga ngejawantah ing sawenehing perangane urip, kayata ing sajrone pakaryan, papan panggonan, uga ingon-ingon rajakaya. Bab kang nembe iki tansah dadi pocapan apadene bebantahan yaiku kayangapa nyuwijine wong gunung (Merapi, Bromo, Papandayan, lan Slamet) marang karang padesane, pakaryane sarta raja-kayane. 

 

Sebab, rikala Merapi kroda, wong-wong mau katon aras-arasen ngungsi, ngendhani bebaya kang ngancam jiwa ? Pungkasane, korban Merapi cukup akeh, sing sakabehe (miturut penemu moderen) amarga aras-arasen ora enggal ngungsi ninggal karang padesane.

 

Tanpa ngetung bener lan luput, tekad nyuwiji marang karang padesan ing perenging Merapi, lan tekad nggegegi kapitayan Jawa minangka anutan, patut kasuguhake minangka jangkepe pamawas. Kagawa tekad lan tumindak nyuwiji kang wus lumaku mataun-taun, manungsa karo  alam dadi raket sumadulur.

 

Sesambungan kang dumadi ora mung winates : "aku lan kowe", ananging wus malih dadi “awake dhewe kabeh”. Gunung nyawisi papan lan daya tumrap panguripane manungsa, kosokbaline masyarakat pareden ngrukti lingkungane kanthi tumemen. Kasunyatane ya mung masyarakat nggunung sing dadi pengarep sajrone tumindak memayu hayuning bawana.

 

Yen ta pilot nyuwiji karo pesawate, pembalap nyuwiji karo motore, ora kocap aneh yen ta wong gunung nyuwiji karo raja kayane, tandurane, sarta karang padesan kang dadi darbeke. Yen para nelayan soroh raga njaga abrasi pesisir, wong gunung bakal tansah iwut nresnani laladan karang padesane, jangkep saisine kang wis nguripi. Jeneng lumrah yen kabeh mau nggembol tanggungan /resiko. Ora beda pilot bakal tiwas yen nganti pesawate rusak banjur tiba. Semono uga nelayan bakal nemahi pati yen perahune nganti kerem diterjang alune segara.

 

Senadyan  mangkono,  gandheng mapan ing gunung Merapi, wong gunung ora duweni penganggep yen gunung  iku memper kaya dene Rahwana, kang  minangka sumbering angkara murka. Penemu ing spiritual Jawa, ya wong gunung iku  “juru kunci gunung" kang satemene. Wong wong mau kang njaga gunung kanthi amalan sepi ing pamrih rame ing gawe  marang karang padesan kang sasuwene iki wis bisa menehi panguripan.

 

Wong-wong mau kang tansah nguri-uri gunung, ora ngeling-eling lan uga tansah menehi pangapura marang “kaluputane”, sarta ajeg nyebar winih katresnan jati kang tanpa kendhat. Kaya dene ing sajrone bebrayan bale somah, bebojowan kena cengkah ning aja bubrah. Contone ing Diyeng tinemu ebun-upas kang ngrusak tanduran kenthang. Ing Muntilan ana ama patik kang nyebabake tanduran lombok ora bisa dipanen. Ing Tawangmangu ana jamur-upas kang ngrusak tanduran bawang.

Ananging tumrape wong gunung, kabeh kedadeyan mau ora gampang ndadekake udharing karep nyuwiji marang karang padesane.

 

Sebab tumrap wong Jawa-asli, bungah susah mono minangka kembange urip. Dadi, senadyan mbebayani, lahar lan “wedhus gembel” dianggep dudu bilahi, senadyan kudu nunjang-palang colong-playu saperlu ngendhani. Kang sinebut sejatining bebaya iku, yen ta nganti kudu pedhot anggone nyuwiji marang karang padesane, omahe, pasedulurane, lan raja-kayane kang wus mahanani bisa dadi perangane alam kang dijaga, lan kang tansah nyawisake berkah.

 

Amarga wus saiyeg nyuwiji, dredahing bebojoan malah kepara minangka bumbune urip bebrayan. Bebasan sawah kang kudu diolah mawa pacul, luku, lan garu supaya winih pari kang tinandur bisa tuwuh kanthi becik. Dadi, bilahi saka gunung ditampa minangka panguji, kang mesthi ditampa kanti legawa, ora gething, apa maneh wedi, kang bisa njalari pedhot anggone padha nyuwiji klawan karang padesane.

 

Sebab, wis padha nglenggana, yen ta jejibahan lan tanggung jawabe wong gunung mono kudu ngayomi lan nuduhake, yen gunung dudu sumbering bilahi, marga lahar lan “wedhus-gembel” dudu gegamane alam kanggo numpes manungsa.

 

 

Kapacak dening : mastok | 19 Des 2010